Hi quest ,  welcome  |  sign in  |  registered now  |  need help ?

Join Us

Categories

Contoh Atur Pambagyo Nawung dhukito bahasa jawa untuk acara kematian

Dalam Masyarakat jawa atur pambagyo harjo ini biasanya yang menyampaikan adalah kepala desa, langsung saja silahkan di copy, dan maaf sebelumnya karena ada beberapa penulisan yang salah

Bismillahirohmanirrohim,Assalamualaikum Warahmnatullohi wabarokhatuh.Innalilahi Waina illaihi rojiun.
Sakyektosipun sedoyo ingkang gesang ingkang ngalam donya menika kagunganipun Gusti Allah pramilo boten mokal bilih samangkenipun badhe kondur dhateng ngarsanipun Gusti Allah. Kados prastowo ingkang kasandang penjenenganipun Alm/Almh Bapak/Ibu.................Ingkang katemben marak sowan dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT rikala dinten...............surya kaping.............wonten.........lantaran gerah sakwetawis wekdal.
Estunipun poro sanak kadang tonggo tepalih, mitro pitepangan boten kirang-kirang anggenipun murih Alm/Almh saget waluyo jati, jati satemah waluyo, namung pambudidayaning manungso boten saget nduwo karsaning Gusti ingkang Maha Kawasa kridaning budi datan saget mbedhah kutaning pasti hawit saking meniko poro putro wayah sageta ngiklasaken sedanipun Alm/Almh............
poro pepunden, poro pinisepuh sesepuh ingkang satuhu kinabekten, para takziah/takzizin ingkang kulo hormati,hawit saking raos sungkawaning manah panjenenganipun bp/ibu......ingkang katemben nandang duhkito labet tinilar alm/alh.................,panjenenganipun bp/ibu................mboten kuwawi matur wonten ngarsi jengandiko sami,kanthi meniko kulo pinongko sulih sariro soho talang ing boso saking bp/ibu..........sak putro wayah,keparengo kawulo hangaturaken gatraning sedyo wonten ing pangruktinipun layon ing rahino puniko.
para takziah/takzizin ingkang satuhu kinurmatan,ingkang sepisan panjenenganipun bp/ibu.................sak putro wayah ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpo upami hawit kerawuhan panjenengan sami,soho ngaturaken sugeng rawuh,mugi kasekecakno lenggah kanthi mardu mardikaning manah dumugi sak paripurnaning pangruktinipun layon samangkih.Lan ugi hambok bilih anggenipun nanggapi kerawuhan panjenengan sedoyo,wonten kirang ing samudayanipun sae arupi gupuh,suguh menopo dene tambuh,saking bp/ibu...............tansah nyuwun pangapunten ingkang agung.
Ingkang ongko kalih,mboten katalumpen ugi panjenenganipun bp/ibu........mawantu-wantu nyuwun tambah ing dungo pamuji mugi-mugi alusanipun alm/almh..................katampio wonten ngarsanipun Gusi Allah,dipun paringono papan panggenan ingkang langkung sae tinimbang wonten alam ndunyo,dipun tampi sedoyo amal kesaenanipun,dipun apunten sedoyo duso kalepatanipun,dipun fajaraken kuburipun,tinebihno sikso kuburipun,kalebetaken sedo ingkang khusnul khotimah.Soho poro putro wayah ingkang tinilar tansaho manggih bagyo mulyo,rahayu wilujeng,tansah dipun paringi ketabahan,kesabaran,kesehatan soho kekiatan iman sahenggo saget nglajengaken cita-citanipun alm/almh.................duk rikolo taksih sugengipun..
Ingkang ongko tigo,hambok bilih rikolo sugengipun alm/almh............... hanggadahi kalepatan dumateng panjenengan sedoyo,mugi panjenengan ugi kerso paring pangapunten,lan hambok bilih duk rikolo sugengipun alm/almh.....................ggadahi petangan awujud menopo kemawon dumateng panjenengan sedoyo,samangke sak bibaripun pangruktinipun layon kulo aturi menghubungi poro ahli warisipun supados dipun rampungaken sahenggo estu pisowananipun alm/almh.........................saget resik saking petangan kadunyan.
Ingkang ongko sekawan,panjenenganipun bp/ibu............ngaturaken gunging panuwun dumateng poro sanak,kadang,tonggo tepalih,poro mitro pitepangan ingkang sampun kepareng paring jurung pambyantu awujud menopo kemawon,sae bau,suku,eguh pratikel lan sak pinanggalanipun.Mugi sedoyo kacatet dados amal sholeh panjenengan,satemah Gusti Allah paring lintu ngkang sak traju kaliyan amal kesaenan panjenengan sedoyo.
Ingkang ongko gangsal,nyaosi pirso bilih layonipun alm/almh......................bade kasareaken wonten makam................,pramilo hambok bilih poro takziyah,takziyin pambelo sungkowo samangkeh wonten sepen ing pambengan dalasan dangan ing penggalih,kaaturan nderekaken soho nguntapaken layonipun dumugi pemakaman,namung hambok bilih taksih kathah ayahan ingkang mboten saget tinilar,konduripun nderekaken sugeng kondur sowang-sowang,mugi-mugi rahayu-rahayu ingkang samyo pinanggih,dumugi dalemipun piyambak-piyambak.
Ingkang pungkasan,kawulo pribadi hambok bilih angen kawulo ngaturaken pambagyo nawung sungkowo kathah kekirangan,kekhilafan,soho wonten kecer,cewet ing atur kulo,mboten langkung kulo nyuwun agunging samudro pangaksami ugi,pinongko pinutuping atur,wabillahi toufik wal hidayah,wassalamu alaikum warohmatullohi wabarokhatuh..